Showing posts with label Sholawat. Show all posts
Showing posts with label Sholawat. Show all posts

Wednesday 24 August 2016

Download Lagu dan Lirik Sholawat Padang Bulan Habib Syekh





Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelengake, ojo turu sore.
[E... Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore]

Lamun wong tuwo, lamun wong tuwo kliru ngimpine…
Alamat bakal, alamat bakal getun mburine…

Wong tuwo loro kundur ing ngarso pengeran…
Anak putune rame-rame rebutan warisan…

Wong tuwo loro ing njero kubur anyandhang susah…
Sebab mirsani putra putrine ora ibadah…

Wong tuwo loro ing njero kubur anyandhang susah…
Sebab mirsani putra putrine do pecah belah…
Kang den arep-arep yoiku turune rohmah…
Jebul kang teko, jebul kang teko nambahi fitnah…

Iki dino ojo lali lungo ngaji, Takon marang kyai guru kang pinuji…
Iki dino ojo lali lungo ngaji, Takon marang kyai guru kang pinuji…
Enggal siro ora gampang kebujuk setan…
Insyaallah kito menang lan kebejan…

Jaman kepungkur, ana jaman jaman buntutan
Esuk-esuk, rame-rame luru ramalan
Gambar kucing, dikira gambar macan
Bengi diputer, Bengi puter metu wong edan

Kurang puas, Kurang puas luru ramalan
Wong ora waras 2X dadi takonan
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
Jebul kang takon 2x wis ketularan

Karepe ratu, Karepe ratu methune pethel
terus ngguya ngguyu najan atine ronte
metu jimpil mung plompang plompong
direwangi munggah gunung
wira wiri akhire dlombong

Mumet gundule, Mumet gundule mung ngyowang ngyawang
enthek kantonganne banjur ngedhol bati sak kandang
bojo loro mikir jaluk kerok-an
sodrone setres , tungkrang tungkrong
mung ingkrang ingkrang.


habib syekh bin abdul qodir assegaf
Habib Syekh bin Abdul Qodir Assegaf